Ngunduh Wohing Pakarti (Kempalan Geguritan)

Ngunduh Wohing Pakarti (Kempalan Geguritan)

 Penulis: Ummu Daradjatin Widjajati, S.Pd.  Publisher: Mata Nusantara  Telah Terbit: October 14, 2026 More Details
 Deskripsi:

Buku kempalan geguritan ( puisi jawa) kanthi irah-irahan “Ngundhuh wohing Pakarti” ingkang kaanggit dening Ummu Daradjatin Widjajati punika ngemot piwulangan luhur babagan ukum pagesangan manungsa , menawi saben padamelan mesti badhe wangsul dhumateng ingkang nindaaken. Geguritan – geguritan ingkang dipun wedharaken ngemot tindakanipun manungsa ingkang nanem kasaenan, kejujuran, katresnan, welas asih lan kosokwangsulipun .
Kanthi pangandikan ingkang sederhana, antologi punika nyuwun dhumateng tiyang ingkang maos menawi jagad pasrawungan meniko kados dene sabin, pramila saben wicara ingkang kaaturaken, solah bawa saha tumindak menapa kemawon dados bibit ingkang mangkenipun badhe tuwuh dados wohing pagesangan. Geguritanipun ngemot pangajeng – ajeng, mbuka perkawis ingkang nguciwani, ugi wonten doa supados tiyang gesang tansah nanem kasaenan.
Anggitan mboten namung reroncean tembung nanging kaca benggala lelakoning batin. Kados pundi ngangsu kawruh saking pengalaman. Perjalanan batin: kados pundi manungsa ngangsu kawruh saking pengalaman, nampi konsekuensi, saha maanggihaken makna sejati saking leluhur inggih punika “Ngunduh Wohing pakarti”
Antologi punika cocok dipun dadosaken bahan refleksi, pasinaon moral, sekaligus inspirasi kagem pamaos enem ugi dewasa.
Mugi-mugi geguritan punika saged minangkani sinten kemawon ingkang remen maos, mboten namung kagem karemenan ugi saged dipun cakaken wonten jagading pasrawungan.

 Kembali

Recent Posts

Categories

Back to Top